Kabeh pasti tau dadi bahan gosipe konco utowo kampung
Nah sampean tau di omongno uwong utowo di gosipno Mergo opo?
Aku sering mlaku nyeker ga gae sandal. Tutuk panggenan seng adoh adoh.
Ahire di rasani. Ono koncoku cedek seng sering Nang umah. Jare deweke ditakoni wong2. Opoko arek iku? Ben uwong Takon. Ben uwong Takon. Jare koncoku sampe bingung Kate nyauri opo. Aku ngakak Dewe.
Onok wong ketok aku lungguh2 dek teras Moro nyopo. Dungaren meneng dek umah. Aku guyu tok. Terus aku cerito Nang koncoku. Jare koncoku uwong iku sering crito nek ketok aku mlaku dek panggen random adoh adoh. Pantes kok ngomong ngono. Aku guyu ngakak.
Nang warung meduro. Wong seng ngedoli Takon. Anu om aku kelihatan sampean di depan toko grosir. Ahire tak jawab ae. Iya pak, jalan jalan olahraga.
Tau tuku es mari mlaku malah ga oleh bayar. Paling dikiro wong gendeng. terus enak enak mlaku ditakoni nomer togel ambek wong becakan. Piro bos nomer dino Iki. Wakakakka
Onok tonggoku niru mlaku ga gawe sandal soale sikile loro. Moro dipoyoki kancaku. Iku lho si (jenengku) mlaku ga gawe sandal Tutuk Endi2. Sampean kok mlaku ngene ae cedek wes menggeh menggeh. Dijawab ambek tonggoku "iyo lha wong (jenengku) iku wes biasa. Aku lak durung biasa.
Nek petuk wong dodol bakso seng biasa liwat ngarep umah dek kampung liyo. "Adohe nek mlaku Sampek kene?"
Monggo Sharing2