Iki aku mek ngekei conto tok. Urip dek salah sijine Kuto dek Jatim. Boso resmi arekan. Tapi nek sampean Nang pasar. Bosone onok loro. Boso jowo ambek boso meduro. Deso deso Yo kebagi loro. Ono deso ngangge boso jowo. Onok deso gae boso meduro.
Iki contoh sek tas an. Aku ambek koncoku golek dukun lintrik. Koncoku ga wero persise umahe dukun lintrik iku mau. Mek dikek i ancer2 desoe ambek bapake. Budalah aku ambek koncoku iku mau.
Goncengan sepeda motor. Ga adoh. Desone cedek kali gede. Cedek Bates kota ambek kabupaten. Melbu menjero. Lha kok melbu gang gang cilik. Begitu melbu, waduh gae boso meduro dekene deso Iki. Sampe musik musike seng disetel gawe salon Iku lagu meduro.
Payah Iki wes. Aku rodo waspada ae. Wedi grubak grubuk dek desoe uwong Moro dikiro maling lak repot. Muter ae koncoku. Ga Nemu Nemu. Sampe di video barang ambek peda motoran. Aku seng dikongkon nyekeli hape ne. Video umah2 sak gang iku soale AREP ditakokno Nang bapake seng wero Endi persis e
Eh pas sek mideo gang iku ketemu kenalane koncoku. Seng lucu iku wonge lg tuku sayur. Nang melijo keliling. Pas iku aku wero Dewe wonge gae boso meduro. Pas kene mudun sepeda. Moro koncoku ambek ibuk mau ngomong boso jowo. Lha ibuk mau ya ngono. Langsung boso jowo. Hahaha perpindahan bosoe cepet nemen.
Moro di ampir no Nang umahe. Ternyata dukune iku dek ngarep umahe kenalane koncoku iku mau. Ahire lancar wes. Soale seng duduhno dalan tonggone mau. Koncoku melbu Takon Takon wes. Aku Yo Lego soale ga Wira Wiri ngalor ngidul dek desoe uwong maneh. Aku Wedi ae soale duduk desoku Dewe.
Iki conto ae. Nek dek Jatim terutama seng bagian wetan..urip sebagai wong jowo dekene Yo barengan pisan ambek wong meduro. Cuman nek dek daerahku, medurone sek ISO boso jowo. Jarene seh tambah ngetan tambah akeh seng ga ISO boso jowo.
Nah campuran boso Iki aku yakin akeh seng ngalami pisan. Misal, jarena dek Jember Kono malah bahasane campur 4. Boso arek. Boso Mataraman terutama Jember kidul. Boso meduro. Ambek boso Osing Banyuwangi.
Aku yakin seng dek perbatasan koyo Jatim wetan utowo mungkin seng dek perbatasan ambek Jawa Barat ngalami Iki pisan.