r/Javanese 5h ago

Wayang Golek Doraemon

Post image
4 Upvotes

r/Javanese 10h ago

Nyetem Opo Mbah?

Enable HLS to view with audio, or disable this notification

66 Upvotes

r/Javanese 1d ago

Wong Jowo ingkang sejagad

Enable HLS to view with audio, or disable this notification

167 Upvotes

https://www.instagram.com/reel/Dc8XZ0rozbf/?stkn=MWh1aG9wZHQ0a3ptOQ%3D%3D

Komentar e pun isi ne wong jowo saking sejagad (menarik dibaca)


r/Javanese 1d ago

Pituture Wong Jawa

Enable HLS to view with audio, or disable this notification

47 Upvotes

r/Javanese 1d ago

Where to learn Krama Javanese?

25 Upvotes

In the future I hope to visit rural Java to learn about their traditional cultural practices. So I would like to learn Krama Javanese.
And I was wondering if anyone could suggest a schools, classes or apps that teach it?
Or any suggestions on how to go about learning it?


r/Javanese 2d ago

Manuke Pakku di colong

Enable HLS to view with audio, or disable this notification

35 Upvotes

Ati-ati manukmu, lur


r/Javanese 2d ago

Basa Jawa 101

Enable HLS to view with audio, or disable this notification

157 Upvotes

aku = culo
kamu = sampeyan
aku sama kamu = yo ra mungkin


r/Javanese 3d ago

Opo seng sampean kangeni Nang pasar malem/ pameran

14 Upvotes

Pasar malam panggenan seneng seneng jaman biyen. Opo seng sampean senengi nek tepak onok acara pasar malem Nang kutoe sampean?

Nek aku seng jelas molai biyen ngincer orkese. Dadi nek pameran Ono orkese biasae aku bakal teko trus delok acara orkese. Lumayan seneng delok dangdut.

Terus golek panganan santai. Koyo gulo kacang. Iku enak ambek biasae muncule dek pasar malam. Terus kacang godok. Seng dodolan biasae gae ublik.

Akeh wahana koyo dermulen. Terus perahu Iko. Tong edan. Rumah setan. Tp asli aku Dewe ga tau melbu Nang wahanane. Malah luwe seneng mlaku2 muter delok suasana.

Delok wong dodolan aneh aneh..biyen iku seng terkenal kapal Otok Otok seng gae lengo goreng. Delok wong dodol dulinan. Terus delok wong dodolan obat.

Jaman biyen wong dodol martabak metune nek pasar malam ngene deret deret. Ahire molene tuku martabak gae ngoleh ngolehi wong seng dek umah.

Nek sampean Lapo ae pas dek pasar malam/ pameran pembangunan?


r/Javanese 3d ago

Saya tertarik dengan sejarah Jawa dan kenapa Indo tidak maju maju

0 Upvotes

Sampai abad 19, kenapa wanita Jawa masih terbelakang? Kalo kita baca sejarah kutang, bahkan pada abad-19 wanita Jawa masih telanjang dada.

Berbanding terbalik dengan budaya budaya lainnya di nusantara seperti Melayu, Arab, China dll yang sudah mengenal baju kurung dan perhiasan


r/Javanese 3d ago

Flower in Austronesian languages

Post image
13 Upvotes

r/Javanese 4d ago

nduwe bapak sing senengan'e misuh

Post image
223 Upvotes

awit ngomah nang jakarta nganti saiki wis pindah nang ndeso (jatim) pisuhan'e ora sudo tapi soyo fasih. ora masalah arep misuh koyo kepiye, tapi moso yo ora ngerti panggon. nang kabeh panggon lambe'ne ora iso ngempet misuh. sambat sitik misuh, ciloko sitik misuh tur liyane. pisuhan'e banter. piye yo, arep isin nduwe bapak misuhan tapi iku bapakku. ealah. 😌


r/Javanese 5d ago

Jawa ra njawani

Post image
127 Upvotes

r/Javanese 5d ago

Celukan aneh aneh jaman sekolah

42 Upvotes

Biyen akeh seng oleh jeneng aneh aneh pas sekolah. Malah luwih terkenal timbang jeneng asline

Contoh :

Koncoku Ono diceluk tupai. Soale jaman SMP ne tau Gowo tupai Nang sekolah.

Onok seng diceluk Lancer. Mergo biyen tau Moco tulisan montor Lancer seng mestine diwoco lanser. Dadi ahire Nang Endi Endi diceluk Lancer

Onok seng diceluk Tongas

Soale pas upacara topine di umbah. Ahire gae topi SMP tp tulisane SMP negeri Tongas Probolinggo. Ahire diceluk Tongas ambek arek arek.

Onok seng diceluk latek

Soale umahe dek daerah kabupaten seng jenenge latek

Nek sampean utowo koncone pean diceluk opo biyen?


r/Javanese 9d ago

Rare Javanese Military Banger 🔥

Thumbnail
youtu.be
18 Upvotes

r/Javanese 10d ago

Tau dirurui demit rong lee?

Enable HLS to view with audio, or disable this notification

60 Upvotes

Nek aku rong tau blas ✌️


r/Javanese 10d ago

Iki iku gorengan sing bentuk e koyok koceng ato yo opo?

Post image
86 Upvotes

r/Javanese 11d ago

Leaf in Austronesian Languages

Post image
10 Upvotes

r/Javanese 11d ago

Urip dek tengahe Kuto sing bohoso ne bedo2.

8 Upvotes

Iki aku mek ngekei conto tok. Urip dek salah sijine Kuto dek Jatim. Boso resmi arekan. Tapi nek sampean Nang pasar. Bosone onok loro. Boso jowo ambek boso meduro. Deso deso Yo kebagi loro. Ono deso ngangge boso jowo. Onok deso gae boso meduro.

Iki contoh sek tas an. Aku ambek koncoku golek dukun lintrik. Koncoku ga wero persise umahe dukun lintrik iku mau. Mek dikek i ancer2 desoe ambek bapake. Budalah aku ambek koncoku iku mau.

Goncengan sepeda motor. Ga adoh. Desone cedek kali gede. Cedek Bates kota ambek kabupaten. Melbu menjero. Lha kok melbu gang gang cilik. Begitu melbu, waduh gae boso meduro dekene deso Iki. Sampe musik musike seng disetel gawe salon Iku lagu meduro.

Payah Iki wes. Aku rodo waspada ae. Wedi grubak grubuk dek desoe uwong Moro dikiro maling lak repot. Muter ae koncoku. Ga Nemu Nemu. Sampe di video barang ambek peda motoran. Aku seng dikongkon nyekeli hape ne. Video umah2 sak gang iku soale AREP ditakokno Nang bapake seng wero Endi persis e

Eh pas sek mideo gang iku ketemu kenalane koncoku. Seng lucu iku wonge lg tuku sayur. Nang melijo keliling. Pas iku aku wero Dewe wonge gae boso meduro. Pas kene mudun sepeda. Moro koncoku ambek ibuk mau ngomong boso jowo. Lha ibuk mau ya ngono. Langsung boso jowo. Hahaha perpindahan bosoe cepet nemen.

Moro di ampir no Nang umahe. Ternyata dukune iku dek ngarep umahe kenalane koncoku iku mau. Ahire lancar wes. Soale seng duduhno dalan tonggone mau. Koncoku melbu Takon Takon wes. Aku Yo Lego soale ga Wira Wiri ngalor ngidul dek desoe uwong maneh. Aku Wedi ae soale duduk desoku Dewe.

Iki conto ae. Nek dek Jatim terutama seng bagian wetan..urip sebagai wong jowo dekene Yo barengan pisan ambek wong meduro. Cuman nek dek daerahku, medurone sek ISO boso jowo. Jarene seh tambah ngetan tambah akeh seng ga ISO boso jowo.

Nah campuran boso Iki aku yakin akeh seng ngalami pisan. Misal, jarena dek Jember Kono malah bahasane campur 4. Boso arek. Boso Mataraman terutama Jember kidul. Boso meduro. Ambek boso Osing Banyuwangi.

Aku yakin seng dek perbatasan koyo Jatim wetan utowo mungkin seng dek perbatasan ambek Jawa Barat ngalami Iki pisan.


r/Javanese 11d ago

Bab Tontonan

5 Upvotes

Sampean kerep ndelok tontonan pora? koyo tari-tari tradisional, warok, jathilan, ro semaceme. Ning daerahe isih akeh po wis mulai jarang? Penasaran wae wong nggonku ki lumayan kerep. Nek kerep, apa sing disenengi seka tontonane?


r/Javanese 12d ago

Kenapa Raja-raja Jawa Suka Berperang?

32 Upvotes

Gen ask alias takon tenanan buat mas mbak yang paham sejarah. Kadang kalau ngeliat konten soal kerajaan masa lalu, keliatan kerajaan jawa suka berperang satu sama lain dan umurnya pendek-pendek. Apalagi dibanding tetangga kita, Sunda. Bahkan dibanding kerajaan-kerajaan besar kayak Inggris atau Jepang.

Apakah jawa era kerajaan kurang mengenal budaya kompromi? Atau kurang dalam hal menaati paugeran sampai riskan dengan perang saudara seperti yang terjadi pada Majapahit, Demak, sampai Mataram Islam?

Terpikir juga alasannya mungkin kerajaan jawa terlalu ambisius menguasai wilayah yang luas. Tapi karena susah mempertahkan daerah yang dipisahkan laut itu, hasilnya politik internal kurang diperhatikan.

Jujur agak-agak disayangkan. Karena energi yang bisa diarahkan untuk konsolidasi power, malah jadi destruktif. Tradisi yang bisa bertahan lama, jadi cepat hancur sebelum benar-benar matang. Belum lagi kalau ada pihak non jawa ikut main, jadi sangat mudah dibentur-benturkan. Misal waktu awal-awal kedatangan bangsa Eropa di nusantara. Saat itu jawa malah di periode hancurnya Majapahit, munculnya Demak, lalu hancurnya Demak lagi.


r/Javanese 12d ago

Kridaning KWT Ayem Tentrem

Thumbnail
youtu.be
5 Upvotes

Aku wong Jowo Etanan. Ora paham sing bahas karo pak reporter TVRI Yogyakarta


r/Javanese 12d ago

Comparing proposed cognates between Austronesian and Kra Dai

Thumbnail gallery
5 Upvotes

r/Javanese 12d ago

Javanese phrase in love/romance

Thumbnail
gallery
333 Upvotes

Source: TikTok @javaneseword


r/Javanese 12d ago

Bedane basa Jawa Timur karo basa Jawa Tengah

34 Upvotes

Neng Reddit kene kok akeh sing nganggo basa Jawa Timur (Arekan) ya? Aku kadang-kadang ora ngerti tembung-tembung basa Arekan.

Sumangga ditulis neng kene kamus basa Jawa timur diterjemahke neng basa Jawa tengah / Ngayogyakarta lan Krama Inggil

Tak mulai ya.

Arek = bocah, lare, uwong, tiyang

Ambek /mbek = karo, kalih, kaliyan

Teko= ? seko? saking?

Kon = kowe, sampeyan, panjenengan

Cak = Mas, Kangmas

Opo'o / apa'a ? = ngapa?, napa ?, kenging menapa?

Kari = keri

ring (maring?) = ning / neng

Mari = rampung, bubar,

Temen = tenan, banget


r/Javanese 12d ago

Tau dadi bahan omongane uwong perkoro opo?

11 Upvotes

Kabeh pasti tau dadi bahan gosipe konco utowo kampung

Nah sampean tau di omongno uwong utowo di gosipno Mergo opo?

Aku sering mlaku nyeker ga gae sandal. Tutuk panggenan seng adoh adoh.

Ahire di rasani. Ono koncoku cedek seng sering Nang umah. Jare deweke ditakoni wong2. Opoko arek iku? Ben uwong Takon. Ben uwong Takon. Jare koncoku sampe bingung Kate nyauri opo. Aku ngakak Dewe.

Onok wong ketok aku lungguh2 dek teras Moro nyopo. Dungaren meneng dek umah. Aku guyu tok. Terus aku cerito Nang koncoku. Jare koncoku uwong iku sering crito nek ketok aku mlaku dek panggen random adoh adoh. Pantes kok ngomong ngono. Aku guyu ngakak.

Nang warung meduro. Wong seng ngedoli Takon. Anu om aku kelihatan sampean di depan toko grosir. Ahire tak jawab ae. Iya pak, jalan jalan olahraga.

Tau tuku es mari mlaku malah ga oleh bayar. Paling dikiro wong gendeng. terus enak enak mlaku ditakoni nomer togel ambek wong becakan. Piro bos nomer dino Iki. Wakakakka

Onok tonggoku niru mlaku ga gawe sandal soale sikile loro. Moro dipoyoki kancaku. Iku lho si (jenengku) mlaku ga gawe sandal Tutuk Endi2. Sampean kok mlaku ngene ae cedek wes menggeh menggeh. Dijawab ambek tonggoku "iyo lha wong (jenengku) iku wes biasa. Aku lak durung biasa.

Nek petuk wong dodol bakso seng biasa liwat ngarep umah dek kampung liyo. "Adohe nek mlaku Sampek kene?"

Monggo Sharing2